Thursday 16 October 2008

Pucung (Babad Jaka Tingkir)

Lah ta biyung, kula pan dédé lelembut
Dédé perayangan
Lan dédé dhanyang dhadhemit
Lawan dédé hong tepèkong, dédé déwa

Yektosipun, kula puniki ta biyung
Pan inggih manungsa
Wong Jawa kamulan mami
Dasihipun Sri Naréndra Majalengka

Kula biyung, nemut gatel ing Sang Prabu
Nanging sanget nistha
Prabangkara aran mami
Hina budi wijiling wong sudra papa

Tur balilu, tanpa kabudayan tèngsun
Bodho tanpa guna
Ugungan sangkaning alit
Pan kapatuh, katungkul umbar-umbaran

Kula biyung, tan montra-montra ing semu
Angawulèng nata
Duk tinuduh ing nerpatiSisinaon ing tulis pan dèrèng bisa

No comments: