Kitab Sastra Gendhing
Lumeraping puspa warsa
Sumunar amarataani
Kababar arum kang ganda
Kabengkas ing warsa sari
Sakehing srana kengis
Kek sinawung sarkara yu
Yeku ta sanepannya
Wimbani sasmita murti
Kang rineggeng kita amamat driya
Lir mangimurma nungkara
Memasuh malaning budi
Kang mupakat sinaksenan
Dening para sarjana di
Kang tuhu anetepi
Ing reh pralambanging ngayun
Yeku wiyaratira
Jeng Sultan Agung Matawis
Kang minangka pangeraning mukpakat
Myang panolah karwitan
Mangasah mingising buda
Pamardi yuning ngagesang
Tesing kasidan jati
Kadereng amengeti
Wirayat dalem sang Prabu
Darapun kasawaban
Saliring reh wiyata di
Winarsita baku babaring carita
1 comment:
Ngapunten izin bertanya, arti atau makna dari bait pertama itu apa ya? Terimakasih☺️
Post a Comment