Thursday 16 October 2008

Gambuh (Babad Jaka Tingkir)

Kamguh ing driya wimbuh
Kambah barubah kabubuh-bubuh
Lir bebah ing wardaya rujit
Kajujut-jujut kabanjut
Binanjet pating karejot

Kumejot ing jejantung
Mèh kajunjung jijangé kang ujung
Lir pinejang kapejeng rèh gonjang-ganjing
Kapanjang-panjang manaput
Sumaput-saput tyas képon

Képyan upaya mèpu
Mopek kapetek putek margiyuh
Yayah payah angayuh woding wiyadi
Mawerdi werdaya nanduk
Pinanduk ing rèh wirangrong

Mangarang rangu-rangu
Kapirangu ngungun pungun-pungun
Amangun-kung tan kawengkang tèkang kingkin
Kakenan punang unang kung
Mangkana sampun sinapon

Pinapas ing pamupus
Mupusing tyas kèntas wus kapusus
Mari monang samoneng munadikani
Kinikis èngeting kalbu
Ilang inkang walang-atos

No comments: