Thursday 16 October 2008

Dhangdhanggula (Babad Jaka Tingkir)

Nan déning ngulun manulad sri
Ring sarkara mamrih mamardawa
Tyas wigena panjutané
Juwet silarjèng tuwuh
Wahananing kahanan jati
Sujana paramarta
Witaning tumuwuh
Winangun ingkang sasmita
Ginupta kang srat Babat Jaka Tingir
Malar dadya pusaka

Ing ri Akhad duk wiwit mèngeti
Kaping kalih-likur sasi Safar
Wanci pukul sawalasé
Lintang ingkang lumaku
Nuju sangat lintang Mustari
Pareng warsa Jimawal
Sancayaning windu
Lèk Jawi Mongsa Katiga
Ping nembelas sengkala san mahamuni
Anata goraning rat

Héjrah Nabi tarèhnya marengi
Sinengkalan pandhita aguna
Sinembah ing jagad kabèh
Lèk Walandi Agustus
Kaping tigalikur winarni
Sengkala trus sinembah
Sariraning ratu
Kan mongka pandoning pudya
Tarlèn namung Risang Ngamurwèng Dumadi
Widining sabuwana

Kang murah ing dunya sih ing akhir
Sang Ngakerti ring sapta pratala
Léntang kasapta kasané
Sésining rat sawegung
Panggelar ning wiyat pratiwi
Tiningkah tata krama
M(r)amrih tartibipun
Urut-urut ing paningtah
Sampurnané dadining sakalir-kalir
Pan ing dalem nem dina

Nulya andadèken ngaras kursi
Karsaning Suksma Jalla wa Ngazza
Mumuruk ing kawulané
Barang pakartènipun
Ing manungsa dèn-ènget ing wit
Ajana budi ganas
Ing tingkah kasusu
Sami nganggéya ukara
Ing tartibé dèn-pareng anuju kapti
Wahyaning mongsa kala

No comments: